Pidato Bahasa Jawa



Assalamu’alaikum wr wb

Para rawuh sedoyo ingkang kinurmatan,  
Wonten wekdal ingkang sae puniko, monggo kito sedoyo ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti Alloh ingkang Moho kuwaos, ingkang sampun maringi kathah kanikmatan dateng kulo lan panjenengan sedoyo,nikmat Iman, nikmat Islam ugi arupi nikmat kamerdekaan bangsa Indonesia. Lan dinten puniko kito sedoyo ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping 67 (sewidak pitu). Mugiyo bangsa Indonesia puniko langkung jaya lan raos tentrem, adil, lan makmur.

Shalawat lan salam mugiyo tetep kaparingaken dhumateng nabi kito Muhammad saw, keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin sedoyo ingkang estu-estu purun ngelampahi ajaran-ajaran Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugi kito sedoyo dados umat beliau ingkang kersa ngelampahi ajaran Islam kanthi leres lan estu-estu ing dalem gesang puniko.

Para rawuh sedoyo ingkang kinurmatan,
Wonten wekdal ingkang sae puniko, monggo kito sedoyo raos syukur ateges ngelampahi nopo ingkang sampun kaparingaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan puniko. Kito sedoyo generasi ingkang nerasaken perjuanganipun, monggo kito isi kemerdekaan punikoi kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saged mumpuni kualitas kito sedoyo ing antawisipun inggih puniko arupi nggiataken lan sregep anggenipun sinau lan lintu lintunipun.

Para rawuh sedoyo ingkang kinurmatan,
Kito sedoyo sampun sumerap, mbok bilih tiap taun tepatipun wulan Agustus mengeti dinten ulang tahunipun bangsa Indonesia. Sedoyo puniku ngerupekaken kangge ngengeti pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kito dados tiyang Islam ngerupekaken kewajiban nggali nikmat ingkang sampun kaparingaken dumateng kito sedoyo lan ugi dumateng sedoyo bangsa Indonesia.
           
            Para rawuh sedoyo ingkang kinurmatan,
            Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipunparingaken dumateng kito sedoyo khususipun lan sedoyo bangsa-bangsa Indonesia umumipun, puniku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng utaminipun bangsa Indonesia. Pramilo kemerdekaan puniko kedah estu-estu kiton syukuri. Keranten saged kito sedoyo raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu ugi dateng sakterasipun.

            Para rawuh sedoyo ingkang kinurmatan,
Mugiyo kito sedoyo saged ngisi kemerdekaan puniki kelawan kesaenan. Wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangaksami. Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum wr wb.

0 komentar:

Posting Komentar